Citho, Tembangan Bocahan Desa Tani

 Banyumasan

Zaman cilik nyong urip nang ndesa. Desane mandan pesisir kidul, kukuban Jawa Tengah, tapine sisih kulon.

Senajane rama biyunge nyong udu tani ndeles, tapi kanca batire nyong akehe anake wong tani kluthuk. Dolanane anak-anake rama tani biyung tani, utawa cara wong pinter sing aran tanah utawa budaya agraris, ya karo tetanduran utawa kewan sing ana nang karangan utawa sawah-tegalan.

La kiye siki nyong arep crita salah siji dolanan bocah agraris utawa bocahane rama tani biyung tani mau. Singkate tek wehi judul “citho”.

Kiye dolanan bocah wayahe terang utawa kemarau. Pelataran garing, kadhang kemebul ledhu utawa debune. Kang tegalan wis panen jagung. Nang bedangan utawa nang meja makan wis ana jagung godhog.

Seperangan bocahan kumpul. Ana sing nggawa jagung mentah. Terus ngemet godhong gedhang. Jane sih cukup mbeset sekilan-rong kilan. Bar kuwe nugel sada kang sapu. Siji baen.

Godhong gedhang digawe contongan ganggo sada. Banjur jagung ana loro utawa telung blindhi ditunjep kaya sate kae, nganggo sada juga. Pucuke sada sing ana jagunge mau ditunjepna nang njero contongan godhong gedhang mau.

Kuwe alat utamane.


"Citho-o, citho-o...," ayame nrabas meng ndi ora.

Sing disengi dolanan ayam. Ya wong nang ndesa, ayame ya ayam kampung. Umume pancen ayam umbaran. Metu kandhang esuk, balik sore ngger arep magrib. Malah ana sing ngger mbengi turune nang pang wit jambu utawa jeruk nang mburi umah.

Carane dolanan kaya kiye; contongan godhong gedhang sing ana jagunge mau disog lemah. Diarepna meng arahe ayam sing lagi pada golet rayap utawa kewan cilikan. Men cepet, ana jagung pirang blindhi di sebar, diarahna meng contongan godhong mau.

Ayame bakal mangan jagung tuk siji. Ngger sing nang lemah wis entong, ayame bakalan weruh ana jagung nang njero contongan godhong gedhang. Pas dicucuk jebul jagunge ora bisa langsung dileg mergane nancep nang sada. Wis kaya kuwe, matane ayam banjur ora werung ngend-ngendi mergane endase mlebu conthongan gondong gedhang kuwe.

Ayame mbok banjur panik. Cucuke esih nyantol nang jagung, matane ora weruh. Mergane panik banjur mlayu separan-paran. Lha, nang kono bocahan pada seneng banget. Ngguyu-ngguyu kemekelen. Tapi ora keri karo nyanyi. Lagune mung sekata utawa sekecap; citho. Tapi nada utawa notasine kaya nang gambar. Citho-o, citho-o, kaya kuwe diulang-ulang.

Ayame nrabas-nrabas tanduran, pekarangan, nabrak wit klapa, nabrak pager umah.. mbuh, apa maning.


Bocah ndesa melodius

Melodius

Sing kanggo nyong menarik kaya kiye. Bocah-bocah anake rama tani biyung tani (agraris) kuwe kebek tetembangan utawa nyanyian utawa melodius. Jajal baen titeni.

Awake dhewek mesti kenal tembang cublak-cublak suweng, utawa sluku-sluku bathok. Kuwe sing terkenal mergane ana artis sing banjur nembangna. Tapine, sekang pengamatane nyong tetembangan dolanan bocah ndesa rama tani biyung tani ngadhug-adhug. Akeh banget, pokoke.

Seliyane cithoan mau misale kiye; ngger udan deres bocahan ndesane nyong bakal nyanyi lagu; “urug-urug udan deres”, diulang-ulang.

Ana maning kaya kiye;

Urug-urug udan deres

Urug-urug udan deres

Kakine negor gedhang

Metu mburi kecemplung mblumbang.

Kanggo wong dewasa, tetembangan mau bisa baen diarani ora ana tegese babar blas. Pancen ora ana artine. Apa sih artine citho? Apa tegese rama negor gedhang malah kecemplung mblumbang?

Tapine, kanggo bocahan kuwe nyenengna banget. Dolanan karo tetembangan kuwe jan, ora ana kesele. Anane seneng karo seneng banget. Tembangan pas udan deres misale, bocahan dadi ora wedi karo udan. Latihan akrab karo alam. Udan, alam, udan deres utawa bledheg sing makantar-kantar kuwe ya bagian alam, bagian sing kudu dikenali lan diakrabi bocahane rama tani biyung tani.

Tempate Sinau

Ngger ana wong takon, bocah-bocah ndesa tani kuwe padha sinau tetembangan kang ndi? Nek panemuku, bocah-bocah ndesa tani sinau tetembangan ya kang alam sekitare.

Jajal baen, jagongan nang ndesa cedhek dapuran pring. Ngger ana angin semribit tekan banter, bakalan krungu pring padha kriet-kriet. Kuwe nyanyian alam. Cara cerita kuna malah dipadhakna sulinge Nabi Suleman.

Suara manuk ngger esuk, ayam jago padha kluruk, prenjak ngganther sing jare arep ana dayoh; kuwe kabeh padinane suara nang ndesa. Urung ngger mlipir meng tegal sawah. Pas pari mulai mrotok, bocahan padha nggurahi manuk. Gole nggurahi uga nganggo nada-nada khusus.

Wis, pokoke ngangeni sing jenenge swasana agraris kuwe.

Lha kuwe, mulane wong padha kepengin bali ndesa ngger wis agep pensiun. Ndean ya kepengin ngrasakna utawa ngrungokna suara nyanyian alam. Utawa nostalgia zaman esih cilik gemiyen.

Contone Andy F Noya. Juru warta sing kondhang karo programe Kick Andy siki duwe umah nang Cilongok. Jarene, umah pensiun.

Pitakone dheweke pas ketemu lurahe kono mung telu; apa Gunung Slamet keton, apa ana sawah, apa ana kali? Lengkap. Akhire Andy Noya mbangun kaya padepokan kanggo pensiun nang salah sijine desa nang Kecamatan Cilongok Banyumas.

Wis, siki rika padha, nyong takon. Sapa sing nek pensiun arep bali maring ndesa nang Banyumas, cung?

Sutriyono


Posting Komentar

0 Komentar